ᮃᮞᮘᮏ asbaja

Aksara Sunda Basa Jawa - Blog cerita bahasa Jawa dialek Banyumasan yang ditulis dalam aksara Sunda

ᮝᮤᮜᮥᮓ᮪ ᮞᮥᮔ᮪ᮓ
ᮞᮨᮌᮨᮊᮨ ᮛᮝᮨᮊᮨ ᮞᮓᮚ
Nang kene kowe bisa ndeleng tulisan nganggo aksara Sunda, tapi isiné nyeritakna karo basa Jawa
ᮃᮕ ᮃᮔ ᮘᮞ ᮏᮝ ᮓᮤᮒᮥᮜᮤᮞ᮪ ᮔᮀ ᮃᮊ᮪ᮞᮛ ᮞᮥᮔ᮪ᮓ?
ᮃᮕ ᮃᮔ ᮘᮞ ᮏᮝ ᮓᮤᮒᮥᮜᮤᮞ᮪ ᮔᮀ ᮃᮊ᮪ᮞᮛ ᮞᮥᮔ᮪ᮓ?

ᮃᮕ ᮃᮔ ᮘᮞ ᮏᮝ ᮓᮤᮒᮥᮜᮤᮞ᮪ ᮔᮀ ᮃᮊ᮪ᮞᮛ ᮞᮥᮔ᮪ᮓ?

ᮘᮠᮞ ᮏᮝ ᮅᮙᮥᮙᮦ ᮓᮤᮒᮥᮜᮤᮞ᮪ ᮍᮀᮌᮧ ᮠᮥᮛᮥᮖ᮪ ᮜᮒᮤᮔ᮪, ᮕᮨᮌᮧᮔ᮪ ᮃᮛᮘ᮪, ᮅᮒᮝ ᮃᮊ᮪ᮞᮛ ᮏᮝ. ᮔᮍᮤᮀ ᮃᮔ ᮅᮌ ᮞᮤᮀ ᮔ᮪ᮏᮏᮜ᮪ ᮔᮥᮜᮤᮞ᮪ ᮘᮞ ᮏᮝ, ᮜᮥᮝᮤᮂ-ᮜᮥᮝᮤᮂ ᮓᮤᮃᮜᮦᮊ᮪ ᮘᮑᮥᮙᮞᮔ᮪, ᮍᮀᮌᮧ ᮃᮊ᮪ᮞᮛ ᮞᮥᮔ᮪ᮓ. ᮊᮤᮚᮦ ᮓᮥᮓᮥ ᮕᮨᮁᮊᮛ ᮅᮙᮥᮙ᮪, ᮔᮍᮤᮀ ᮃᮔ ᮞᮤᮀ ᮝᮤᮞ᮪ ᮔᮤᮔ᮪ᮓᮊ᮪ᮔ. ᮞᮜᮂ ᮞᮤᮏᮤ ᮎᮧᮔ᮪ᮒᮧᮔᮦ ᮃᮔ ᮔᮀ ᮘᮣᮧᮌ᮪ asbaja.blogspot.com , ᮞᮤᮀ ᮄᮞᮤᮔᮦ ᮎᮢᮤᮒ ᮘᮞ ᮏᮝ ᮔᮍᮤᮀ ᮓᮤᮒᮥᮜᮤᮞ᮪ ᮍᮀᮌᮧ ᮃᮊ᮪ᮞᮛ ᮞᮥᮔ᮪ᮓ. ᮞᮨᮊᮀ ᮊᮧᮔᮧ ᮊᮒᮧᮔ᮪ ᮚᮦᮔ᮪ ᮊᮢᮨᮃᮒᮤᮗᮤᮒᮞ᮪ ᮘᮞ ᮜᮔ᮪ ᮃᮊ᮪ᮞᮛ ᮘᮤᮞ ᮙᮣᮊᮥ ᮘᮛᮨᮀ, ᮇᮛ ᮊᮥᮓᮥ ᮒᮔ᮪ᮞᮂ ᮙᮔᮥᮒ᮪ ᮕᮊᮨᮙ᮪ ᮜᮝᮞ᮪ ᮘᮆ.


ᮃᮔ ᮞᮝᮨᮒᮛ ᮃᮜᮨᮞᮔ᮪ ᮊᮨᮔᮕ ᮙᮤᮜᮤᮂ ᮃᮊ᮪ᮞᮛ ᮞᮥᮔ᮪ᮓ ᮊᮨᮒᮤᮙ᮪ᮘᮀ ᮃᮊ᮪ᮞᮛ ᮏᮝ. ᮞᮤᮀ ᮊᮕᮤᮞᮔ᮪ ᮞᮧᮃᮜ᮪ ᮞ᮪ᮕᮞᮤ. ᮔᮀ ᮃᮊ᮪ᮞᮛ ᮏᮝ, ᮞ᮪ᮕᮞᮤ ᮇᮛ ᮓᮤᮈᮀᮌᮧ ᮊᮚ ᮔᮀ ᮒᮥᮜᮤᮞᮔ᮪ ᮜᮒᮤᮔ᮪. ᮔᮜᮤᮊ ᮜᮧᮛᮧ ᮒᮨᮙ᮪ᮘᮥᮀ ᮊᮨᮒᮨᮙᮥ, ᮊᮨᮛᮨᮕ᮪ ᮊᮒᮧᮔ᮪ ᮊᮚ ᮓᮓᮤ ᮞᮤᮏᮤ ᮜᮔ᮪ ᮊᮓᮀ ᮍ᮪ᮌᮝᮦ ᮝᮧᮀ ᮊᮀ ᮙᮎ ᮓᮓᮤ ᮘᮤᮍᮥᮀ. ᮊᮀᮌᮧ ᮝᮧᮀ ᮞᮤᮀ ᮓᮥᮛᮥᮀ ᮘᮤᮃᮞ, ᮕᮨᮁᮊᮛ ᮊᮤᮚᮦ ᮘᮤᮞ ᮓᮓᮤ ᮃᮜᮍᮔ᮪ ᮌᮨᮓᮦ ᮃᮙᮁᮌ ᮙᮎ ᮓᮓᮤ ᮇᮛ ᮜᮔ᮪ᮎᮁ ᮜᮔ᮪ ᮊᮥᮓᮥ ᮙᮤᮊᮤᮁ ᮜᮥᮝᮤᮂ ᮞᮥᮝᮦ.


ᮃᮜᮨᮞᮔ᮪ ᮊᮕᮤᮔ᮪ᮓᮧ ᮚᮄᮊᮥ ᮞᮧᮃᮜ᮪ ᮊᮨᮒᮨᮌᮞᮔ᮪ ᮞ᮪ᮝᮛ. ᮔᮀ ᮃᮊ᮪ᮞᮛ ᮏᮝ, ᮞ᮪ᮝᮛ ᮗᮧᮊᮜ᮪ ᮊᮨᮛᮨᮕ᮪ ᮓᮤᮒᮔ᮪ᮓᮔᮤ ᮍᮀᮌᮧ ᮠᮥᮛᮥᮖ᮪ “ᮠ”. ᮓᮦᮔᮦ ᮘᮞ ᮄᮘᮥ ᮓᮤᮃᮜᮦᮊ᮪ ᮘᮑᮥᮙᮞᮔ᮪, ᮞᮘᮨᮔ᮪ ᮒᮨᮙ᮪ᮘᮥᮀ ᮘᮤᮃᮞᮔᮦ ᮓᮤᮅᮎᮕ᮪ᮔ ᮊᮔ᮪ᮒᮤ ᮒᮨᮌᮨᮞ᮪ ᮜᮔ᮪ ᮎᮨᮒ. ᮙᮥᮜᮔᮦ ᮔᮜᮤᮊ ᮙᮎ ᮒᮥᮜᮤᮞᮔ᮪ ᮃᮊ᮪ᮞᮛ ᮏᮝ, ᮛᮞᮔᮦ ᮊᮥᮛᮀ ᮞᮢᮨᮌ᮪ ᮃᮙᮁᮌ ᮇᮛ ᮍ᮪ᮌᮙ᮪ᮘᮁᮔ ᮊᮨᮒᮨᮌᮞᮔ᮪ ᮕᮍᮥᮎᮕᮔᮦ. ᮃᮔ ᮞᮤᮀ ᮍᮧᮙᮧᮀ ᮚᮦᮔ᮪ ᮃᮕ ᮞᮤᮀ ᮓᮤᮇᮙᮧᮀᮔ ᮚ ᮊᮥᮝᮦ ᮞᮤᮀ ᮓᮤᮒᮥᮜᮤᮞ᮪, ᮔᮍᮤᮀ ᮔᮀ ᮕᮢᮊ᮪ᮒᮤᮊᮦ ᮇᮛ ᮙᮨᮞ᮪ᮒᮤ ᮍ᮪ᮌᮙ᮪ᮘᮁᮔ ᮞ᮪ᮝᮛ ᮃᮞᮣᮤ, ᮊᮚ “ᮠᮔ” ᮊᮀᮌᮧ “ᮃᮔ” ᮅᮒᮝ “ᮇᮔᮧ”, ᮜᮔ᮪ “ᮜᮙ᮪ᮕᮤᮚᮧᮔ᮪” ᮊᮀᮌᮧ “ᮜᮙ᮪ᮕᮤᮇᮔ᮪”.


ᮞᮘᮔ᮪ᮏᮥᮛᮦ ᮚᮄᮊᮥ ᮘᮘᮌᮔ᮪ ᮕᮞᮍᮔ᮪. ᮔᮀ ᮃᮊ᮪ᮞᮛ ᮏᮝ ᮃᮔ ᮃᮒᮥᮛᮔ᮪ ᮕᮞᮍᮔ᮪ ᮞᮤᮀ ᮇᮒᮧᮙᮒᮤᮞ᮪ ᮙᮥᮔ᮪ᮎᮥᮜ᮪ ᮔᮜᮤᮊ ᮃᮔ ᮛᮧᮀ ᮊᮧᮔ᮪ᮞᮧᮔᮔ᮪ ᮊᮨᮒᮨᮙᮥ (ᮓᮥᮓᮥ ᮜᮚᮁ, ᮎᮨᮎᮊ᮪, ᮝᮤᮌ᮪ᮑᮔ᮪, ᮜᮔ᮪ ᮜᮤᮚᮔᮦ) . ᮊᮠᮔᮔ᮪ ᮊᮤᮚᮦ ᮊᮓᮀ ᮙᮜᮂ ᮍ᮪ᮌᮝᮦ ᮒᮥᮜᮤᮞᮔ᮪ ᮓᮓᮤ ᮜᮥᮝᮤᮂ ᮃᮍᮨᮜ᮪ ᮓᮤᮝᮎ, ᮜᮥᮝᮤᮂ-ᮜᮥᮝᮤᮂ ᮚᮦᮔ᮪ ᮞᮤᮀ ᮙᮎ ᮄᮞᮤᮂ ᮕᮨᮙᮥᮜ. ᮎᮧᮔ᮪ᮒᮧᮔᮦ ᮒᮨᮙ᮪ᮘᮥᮀ “ᮘᮥᮞ᮪ ᮒᮤᮀᮊᮒ᮪”, ᮠᮥᮛᮥᮖ᮪ “ᮒ”-ᮔᮦ ᮊᮥᮓᮥ ᮓᮓᮤ ᮕᮞᮍᮔ᮪ ᮞᮔᮓᮡᮔ᮪ ᮊᮥᮝᮤ ᮛᮧᮀ ᮒᮨᮙ᮪ᮘᮥᮀ ᮘᮦᮓ. ᮔᮀ ᮃᮊ᮪ᮞᮛ ᮞᮥᮔ᮪ᮓ ᮇᮛ ᮃᮔ ᮞᮤᮞ᮪ᮒᮨᮙ᮪ ᮕᮞᮍᮔ᮪ ᮊᮚ ᮊᮥᮝᮦ, ᮙᮥᮜ ᮊᮒᮧᮔ᮪ ᮜᮥᮝᮤᮂ ᮕᮢᮞᮏ ᮜᮔ᮪ ᮜᮥᮝᮤᮂ ᮌᮙ᮪ᮕᮀ ᮓᮤᮝᮎ.


ᮇᮛ ᮙᮥᮀ ᮕᮞᮍᮔ᮪, ᮃᮔ ᮙᮔᮤᮀ ᮠᮥᮛᮥᮖ᮪ ᮙᮥᮁᮓ ᮅᮒᮝ ᮠᮥᮛᮥᮖ᮪ ᮌᮨᮓᮦ ᮔᮀ ᮃᮊ᮪ᮞᮛ ᮏᮝ ᮞᮤᮀ ᮊᮓᮀ ᮙ᮪ᮘᮤᮍᮥᮀᮔ. ᮃᮒᮥᮛᮔ᮪-ᮃᮒᮥᮛᮔᮦ ᮊᮢᮞ ᮎᮥᮊᮥᮕ᮪ ᮛᮤᮘᮨᮒ᮪, ᮇᮛ ᮙᮥᮀ ᮊᮀᮌᮧ ᮝᮧᮀ ᮔ᮪ᮏᮘ ᮔᮍᮤᮀ ᮅᮌ ᮊᮀᮌᮧ ᮝᮧᮀ ᮏᮝ ᮓᮦᮝᮦᮊ᮪ ᮞᮤᮀ ᮇᮛ ᮒᮅ ᮔᮙ᮪ᮕ ᮕᮨᮜᮏᮛᮔ᮪ ᮃᮊ᮪ᮞᮛ ᮏᮝ ᮊᮔ᮪ᮒᮤ ᮛᮨᮞ᮪ᮙᮤ ᮔᮀ ᮞᮨᮊᮧᮜᮂ. ᮔᮥᮜᮤᮞ᮪ “ᮜᮨ”, “ᮛᮨ”, ᮅᮒᮝ “ᮊᮢᮨ” ᮔ᮪ᮓᮥᮝᮦᮔᮤ ᮃᮒᮥᮛᮔ᮪ ᮓᮦᮝᮦᮊ᮪. ᮔᮜᮤᮊ ᮔᮥᮜᮤᮞ᮪ ᮒᮨᮙ᮪ᮘᮥᮀ “ᮜᮨᮛᮨᮞ᮪”, ᮊᮥᮓᮥ ᮍᮀᮌᮧ ᮃᮊ᮪ᮞᮛ ᮮᮥᮞᮥᮞ᮪. ᮙᮤᮒᮥᮛᮥᮒ᮪ ᮕᮔᮨᮙᮥᮊᮥ, ᮃᮒᮥᮛᮔ᮪ ᮊᮚ ᮊᮤᮚᮦ ᮊᮒᮧᮔ᮪ ᮊᮊᮦᮠᮔ᮪ ᮜᮔ᮪ ᮇᮛ ᮕᮢᮊ᮪ᮒᮤᮞ᮪.


ᮞᮨᮊᮀ ᮞᮤᮞᮤ ᮊᮨᮛᮥᮙᮤᮒᮔ᮪, ᮃᮊ᮪ᮞᮛ ᮏᮝ ᮕᮔ᮪ᮎᮦᮔ᮪ ᮔ᮪ᮓᮥᮝᮦᮔᮤ ᮔᮤᮜᮦ ᮞᮨᮏᮛᮂ ᮜᮔ᮪ ᮘᮥᮓᮚ ᮞᮤᮀ ᮓᮥᮝᮥᮁ. ᮔᮍᮤᮀ ᮊᮀᮌᮧ ᮕᮨᮙᮥᮜ, ᮃᮒᮥᮛᮔ᮪ ᮞᮤᮀ ᮃᮊᮦᮂ ᮘᮤᮞ ᮍ᮪ᮌᮝᮦ ᮞᮨᮙᮍᮒ᮪ ᮞᮤᮔᮅ ᮙᮥᮓᮥᮔ᮪. ᮝᮧᮀ ᮞᮤᮀ ᮇᮛ ᮒᮅ ᮞᮨᮊᮧᮜᮂ ᮔᮀ ᮜᮤᮀᮊᮥᮍᮔ᮪ ᮞᮤᮀ ᮙᮛᮤᮍᮤ ᮕᮨᮜᮏᮛᮔ᮪ ᮘᮞ ᮜᮔ᮪ ᮃᮊ᮪ᮞᮛ ᮏᮝ ᮙᮨᮞ᮪ᮒᮤ ᮘᮊᮜ᮪ ᮊᮢᮞ ᮃᮍᮦᮜ᮪. ᮓᮤᮘᮔ᮪ᮓ᮪ᮠᮤᮀᮔ ᮊᮛᮧ ᮃᮊ᮪ᮞᮛ ᮞᮥᮔ᮪ᮓ ᮞᮤᮀ ᮜᮥᮝᮤᮂ ᮜᮀᮞᮥᮀ ᮜᮔ᮪ ᮇᮛ ᮊᮊᮦᮠᮔ᮪ ᮗᮛᮤᮃᮞᮤ ᮕᮞᮍᮔ᮪, ᮝᮧᮀ ᮘᮤᮞ ᮜᮥᮝᮤᮂ ᮎᮨᮕᮨᮒ᮪ ᮕᮠᮙ᮪ ᮜᮔ᮪ ᮜᮔ᮪ᮎᮁ ᮙᮎ.


ᮕᮥᮀᮊᮞᮔᮦ, ᮖᮊ᮪ᮒᮧᮁ ᮌᮦᮇᮌᮢᮖᮤᮞ᮪ ᮅᮌ ᮔ᮪ᮓᮥᮝᮦᮔᮤ ᮕᮨᮛᮔ᮪ ᮞᮔᮓᮡᮔ᮪ ᮓᮥᮓᮥ ᮕᮨᮔᮨᮔ᮪ᮒᮥ ᮅᮒᮙ. ᮝᮤᮝᮤᮒ᮪ ᮎᮤᮜᮤᮊ᮪ ᮞᮨᮊᮧᮜᮂ ᮜᮔ᮪ ᮌᮨᮓᮦ ᮄᮑᮧᮀ ᮃᮔ ᮔᮀ ᮒᮔᮂ ᮕᮞᮥᮔ᮪ᮓᮔ᮪, ᮚᮊᮥᮝᮦ ᮏᮊᮁᮒ ᮜᮔ᮪ ᮘᮧᮌᮧᮁ, ᮙᮨᮞ᮪ᮒᮤ ᮃᮔ ᮕᮨᮍᮛᮥᮂ ᮜᮤᮀᮊᮥᮍᮔ᮪. ᮞᮨᮊᮀ ᮊᮨᮘᮤᮃᮞᮃᮔ᮪ ᮜᮔ᮪ ᮕᮕᮢᮍᮔ᮪ ᮘᮥᮓᮚ ᮞᮨᮊᮀ ᮊᮧᮔᮧ, ᮛᮞ ᮃᮊᮢᮘ᮪ ᮊᮛᮧ ᮃᮊ᮪ᮞᮛ ᮞᮥᮔ᮪ᮓ ᮓᮓᮤ ᮜᮥᮝᮤᮂ ᮊᮥᮝᮒ᮪. ᮙᮥᮜ ᮕᮤᮜᮤᮠᮔ᮪ ᮔᮥᮜᮤᮞ᮪ ᮘᮞ ᮏᮝ ᮓᮤᮃᮜᮦᮊ᮪ ᮘᮑᮥᮙᮞᮔ᮪ ᮍᮀᮌᮧ ᮃᮊ᮪ᮞᮛ ᮞᮥᮔ᮪ᮓ ᮓᮥᮓᮥ ᮃᮙᮁᮌ ᮇᮛ ᮍᮏᮦᮔᮤ ᮒᮢᮓᮤᮞᮤ, ᮔᮍᮤᮀ ᮃᮙᮁᮌ ᮕᮦᮍᮤᮔ᮪ ᮔᮨᮙᮧᮊ᮪ᮔ ᮎᮛ ᮞᮤᮀ ᮓᮤᮛᮞ ᮜᮥᮝᮤᮂ ᮕᮞ᮪, ᮜᮥᮝᮤᮂ ᮒᮨᮌᮨᮞ᮪, ᮜᮔ᮪ ᮜᮥᮝᮤᮂ ᮌᮙ᮪ᮕᮀ ᮓᮤᮝᮎ ᮔᮀ ᮏᮙᮔ᮪ ᮞᮤᮊᮤ.


Bahasa Jawa umume ditulis nganggo huruf latin, pegon Arab, utawa aksara Jawa. Nanging ana uga sing njajal nulis basa Jawa, luwih-luwih dialek Banyumasan, nganggo aksara Sunda. Kiye dudu perkara umum, nanging ana sing wis nindakna. Salah siji contone ana nang blog asbaja.blogspot.com, sing isine crita basa Jawa nanging ditulis nganggo aksara Sunda. Sekang kono katon yen kreativitas basa lan aksara bisa mlaku bareng, ora kudu tansah manut pakem lawas bae.


Ana sawetara alesan kenapa milih aksara Sunda ketimbang aksara Jawa. Sing kapisan soal spasi. Nang aksara Jawa, spasi ora dienggo kaya nang tulisan latin. Nalika loro tembung ketemu, kerep katon kaya dadi siji lan kadhang nggawe wong kang maca dadi bingung. Kanggo wong sing durung biasa, perkara kiye bisa dadi alangan gedhe amarga maca dadi ora lancar lan kudu mikir luwih suwe.


Alesan kapindho yaiku soal ketegasan swara. Nang aksara Jawa, swara vokal kerep ditandhani nganggo huruf “ha”. Dene basa ibu dialek Banyumasan, saben tembung biasane diomongnana kanthi teges lan cetha. Mulane nalika maca tulisan aksara Jawa, rasane kurang sreg amarga ora nggambarna ketegasan pangucapane. Ana sing ngomong yen apa sing diomongna ya kuwe sing ditulis, nanging nang praktiké ora mesthi nggambarna swara asli, kayata “hana” kanggo “ana” utawa “ono”, lan “lampiyon” kanggo “lampion”.


Sabanjure yaiku babagan pasangan. Nang aksara Jawa ana aturan pasangan sing otomatis muncul nalika ana rong konsonan ketemu (dudu layar, cecak, wignyan, lan liyane) . Kahanan kiye kadhang malah nggawe tulisan dadi luwih angel diwaca, luwih-luwih yen sing maca isih pemula. Contone tembung “bus tingkat”, huruf “ta”-ne kudu dadi pasangan sanadyan kuwi rong tembung beda. Nang aksara Sunda ora ana sistem pasangan kaya kuwe, mula katon luwih prasaja lan luwih gampang diwaca.


Ora mung pasangan, ana maning huruf murda utawa huruf gedhe nang aksara Jawa sing kadhang mbingungna. Aturan-aturane dirasa cukup ribet, ora mung kanggo wong njaba nanging uga kanggo wong Jawa dhewe sing ora tau nampa pelajaran aksara Jawa kanthi resmi nang sekolah. Nulis “le”, “re”, utawa “kre” nduweni aturan dhewe. Nalika nulis tembung “leres”, kudu nganggo aksara khusus. Miturut panemuku, aturan kaya kiye katon kakehan lan ora praktis.


Sekang sisi kerumitan, aksara Jawa pancen nduweni nilai sejarah lan budaya sing dhuwur. Nanging kanggo pemula, aturan sing akeh bisa nggawe semangat sinau mudhun. Wong sing ora tau sekolah nang lingkungan sing maringi pelajaran basa lan aksara Jawa mesthi bakal krasa angel. Dibandhingna karo aksara Sunda sing luwih langsung lan ora kakehan variasi pasangan, wong bisa luwih cepet paham lan lancar maca.


Pungkasané, faktor geografis uga nduweni peran sanadyan dudu penentu utama. Wiwit cilik sekolah lan gedhe inyong ana nang tanah Pasundan, yakuwe Jakarta lan Bogor, mesthi ana pengaruh lingkungan. Sekang kebiasaan lan paprangan budaya sekang kono, rasa akrab karo aksara Sunda dadi luwih kuwat. Mula pilihan nulis basa Jawa dialek Banyumasan nganggo aksara Sunda dudu amarga ora ngajeni tradisi, nanging amarga pengin nemokna cara sing dirasa luwih pas, luwih tegas, lan luwih gampang diwaca nang jaman siki.