ᮠᮏᮤ ᮌᮓᮥᮍᮔ᮪
ᮃᮔ ᮞᮝᮤᮏᮤᮔᮤᮀ ᮊᮨᮓᮓᮦᮚᮔ᮪ ᮞᮤᮀ ᮍ᮪ᮌᮝᮦ ᮄᮑᮧᮀ ᮌᮥᮙᮥᮔ᮪ ᮜᮔ᮪ ᮙᮤᮊᮤᮁ ᮓᮝ. ᮎᮢᮤᮒᮔᮦ ᮘᮘᮌᮔ᮪ ᮝᮧᮀ ᮜᮔᮀ ᮞᮤᮀ ᮃᮛᮔ᮪ ᮛᮧᮙ᮪ᮓᮧᮔ᮪. ᮓᮦᮝᮦᮊᮦ ᮞᮨᮔᮨᮀ ᮘᮍᮨᮒ᮪ ᮚᮦᮔ᮪ ᮞᮘᮨᮔ᮪ ᮝᮧᮀ ᮑᮨᮘᮥᮒ᮪ ᮏᮨᮔᮨᮍᮦ ᮍᮀᮌᮧ ᮒᮙ᮪ᮘᮠᮔ᮪ “ᮠᮏᮤ” ᮃᮔ ᮍᮛᮨᮕᮦ. ᮕᮓᮠᮜ᮪ ᮙᮤᮒᮥᮛᮥᮒ᮪ ᮎᮢᮤᮒ ᮞᮤᮀ ᮞᮥᮙᮨᮘᮁ, ᮓᮦᮝᮦᮊᮦ ᮙᮥᮀ ᮒᮅ ᮜᮥᮍ ᮅᮙᮢᮧᮂ ᮘᮆ, ᮓᮥᮓᮥ ᮍᮣᮊᮧᮔᮤ ᮄᮘᮓᮂ ᮠᮏᮤ ᮞᮤᮀ ᮞᮊ᮪ ᮙᮨᮞ᮪ᮒᮤᮔᮦ. ᮔᮍᮤᮀ ᮞᮤᮊᮤ, ᮞᮘᮨᮔ᮪ ᮊᮨᮒᮨᮙᮥ ᮒᮀᮌ ᮅᮒᮝ ᮊᮔ᮪ᮎ ᮊᮨᮁᮏ, ᮊᮚ ᮃᮔ ᮕᮍᮛᮨᮕᮔ᮪ ᮙᮨᮔᮝ ᮝᮧᮀ-ᮝᮧᮀ ᮊᮥᮓᮥ ᮑᮨᮘᮥᮒ᮪ “ᮕᮊ᮪ ᮠᮏᮤ ᮛᮧᮙ᮪ᮓᮧᮔ᮪”.
ᮞᮘᮨᮔ᮪ ᮓᮤᮔ, ᮚᮦᮔ᮪ ᮜᮌᮤ ᮃᮔ ᮔᮀ ᮊᮔ᮪ᮒᮧᮁ ᮅᮒᮝ ᮜᮤᮀᮊᮥᮍᮔ᮪ ᮇᮙᮂ, ᮃᮞᮢᮤᮀ ᮊᮢᮥᮍᮥ ᮓᮦᮝᮦᮊᮦ ᮍᮧᮙᮧᮀ, “ᮘᮤᮜᮀ ᮃᮏ ᮓᮤᮞᮥᮛᮥᮂ ᮕᮊ᮪ ᮠᮏᮤ ᮛᮧᮙ᮪ᮓᮧᮔ᮪.” ᮅᮊᮛ ᮊᮥᮝᮦ ᮊᮚ ᮝᮤᮞ᮪ ᮓᮓᮤ ᮕᮊᮥᮜᮤᮔᮔ᮪. ᮝᮧᮀ-ᮝᮧᮀ ᮞᮤᮀ ᮊᮢᮥᮍᮥ ᮊᮓᮀ ᮙᮥᮀ ᮑᮝᮀ ᮞᮤᮏᮤ ᮜᮔ᮪ ᮞᮤᮏᮤᮔᮦ, ᮃᮔ ᮞᮤᮀ ᮙᮔᮥᮒ᮪ ᮘᮆ, ᮃᮔ ᮅᮌ ᮞᮤᮀ ᮞᮏᮢᮧᮔᮤᮀ ᮃᮒᮤ ᮍᮢᮞ ᮃᮔᮦᮂ. ᮔᮍᮤᮀ ᮃᮙᮁᮌ ᮝᮤᮞ᮪ ᮊᮨᮘᮤᮃᮞᮃᮔ᮪, ᮕᮥᮀᮊᮞᮔᮦ ᮃᮊᮦᮂ ᮞᮤᮀ ᮙᮦᮜᮥ ᮑᮨᮘᮥᮒ᮪ ᮊᮚ ᮊᮥᮝᮦ ᮒᮔ᮪ᮕ ᮙᮤᮊᮤᮁ ᮙᮔᮤᮀ.
ᮇᮛ ᮙᮥᮀ ᮊᮥᮝᮦ, ᮚᮦᮔ᮪ ᮃᮔ ᮒᮨᮜ᮪ᮕᮧᮔ᮪ ᮙᮣᮨᮘᮥ, ᮓᮦᮝᮦᮊᮦ ᮊᮨᮛᮨᮕ᮪ ᮞᮨᮍᮏ ᮍᮥᮛᮤᮕ᮪ᮔ ᮜᮧᮓ᮪ᮞ᮪ᮕᮤᮊᮨᮁ. ᮞᮨᮊᮀ ᮅᮏᮥᮀ ᮊᮔ ᮊᮢᮥᮍᮥ ᮞ᮪ᮝᮛ ᮝᮧᮀ ᮙᮒᮥᮁ, “ᮃᮞ᮪ᮞᮜᮙᮥᮃᮜᮄᮊᮥᮙ᮪ ᮕᮊ᮪ ᮠᮏᮤ.” ᮞ᮪ᮝᮛ ᮊᮥᮝᮦ ᮞᮨᮍᮏ ᮓᮤᮛᮥᮍᮧᮊ᮪ᮔ ᮙᮛᮀ ᮝᮧᮀ ᮞᮊ᮪ᮎᮨᮓᮊᮦ, ᮊᮚ ᮕᮨᮍᮤᮔ᮪ ᮔᮥᮓᮥᮂᮔ ᮙᮨᮔᮝ ᮓᮦᮝᮦᮊᮦ ᮕᮔ᮪ᮎᮦᮔ᮪ ᮓᮤᮃᮊᮧᮔᮤ ᮓᮓᮤ ᮠᮏᮤ. ᮊᮠᮔᮔ᮪ ᮊᮤᮚᮦ ᮍ᮪ᮌᮝᮦ ᮞᮝᮨᮒᮛ ᮝᮧᮀ ᮒᮙ᮪ᮘᮂ ᮌᮥᮙᮥᮔ᮪, ᮃᮕ ᮕᮔ᮪ᮎᮦᮔ᮪ ᮕᮨᮛᮣᮥ ᮕᮙᮦᮁ ᮌᮨᮜᮁ ᮍᮔ᮪ᮒᮤ ᮊᮚ ᮊᮥᮝᮦ?
ᮔᮀ ᮄᮔ᮪ᮓᮧᮔᮨᮞᮤᮃ, ᮌᮨᮜᮁ ᮠᮏᮤ ᮊᮀᮌᮧ ᮜᮔᮀ ᮜᮔ᮪ ᮠᮏ᮪ᮏᮂ ᮊᮀᮌᮧ ᮝᮓᮧᮔ᮪ ᮕᮔ᮪ᮎᮦᮔ᮪ ᮝᮤᮞ᮪ ᮓᮓᮤ ᮒᮢᮓᮤᮞᮤ. ᮘᮤᮃᮞᮔᮦ ᮓᮤᮒᮥᮜᮤᮞ᮪ ᮔᮀ ᮍᮛᮨᮕ᮪ ᮏᮨᮔᮨᮀ ᮓᮓᮤ ᮠ᮪. ᮅᮒᮝ ᮠ᮪ᮏ᮪. ᮌᮨᮜᮁ ᮊᮥᮝᮦ ᮓᮤᮝᮨᮔᮨᮂᮔ ᮙᮛᮀ ᮝᮧᮀ ᮙᮥᮞᮣᮤᮙ᮪ ᮞᮤᮀ ᮝᮤᮞ᮪ ᮍᮣᮊᮧᮔᮤ ᮄᮘᮓᮂ ᮠᮏᮤ ᮙᮛᮤᮀᮒᮔᮂ ᮞᮥᮎᮤ. ᮝᮤᮝᮤᮒ᮪ ᮞᮨᮊᮀ ᮏᮙᮔ᮪ ᮊᮧᮜᮧᮔᮤᮃᮜ᮪ ᮝᮜᮔ᮪ᮓ, ᮊᮤᮛ-ᮊᮤᮛ ᮒᮅᮔ᮪ |᮱᮹᮱᮶|, ᮌᮨᮜᮁ ᮊᮤᮚᮦ ᮒᮅ ᮓᮤᮈᮀᮌᮧ ᮊᮀᮌᮧ ᮔᮔ᮪ᮓᮔᮤ ᮜᮔ᮪ ᮍᮝᮞᮤ ᮒᮧᮊᮧᮂ-ᮒᮧᮊᮧᮂ ᮞᮤᮀ ᮓᮥᮝᮦ ᮕᮨᮍᮛᮥᮂ ᮔᮀ ᮙᮯᮛᮊᮒ᮪. ᮔᮍᮤᮀ ᮞᮥᮝᮦ-ᮞᮥᮝᮦ, ᮌᮨᮜᮁ ᮊᮥᮝᮦ ᮓᮓᮤ ᮒᮔ᮪ᮓ ᮕᮍᮥᮁᮙᮒᮔ᮪ ᮞᮧᮞᮤᮃᮜ᮪ ᮜᮔ᮪ ᮞ᮪ᮕᮤᮛᮤᮒᮥᮃᮜ᮪.
ᮃᮙᮁᮌ ᮊᮥᮝᮦ, ᮙᮯᮛᮊᮒ᮪ ᮅᮙᮥᮙ᮪ ᮝᮤᮞ᮪ ᮕᮠᮙ᮪ ᮘᮦᮓᮔᮦ ᮠᮏᮤ ᮜᮔ᮪ ᮅᮙᮢᮧᮂ. ᮠᮏᮤ ᮔ᮪ᮓᮥᮝᮦᮔᮤ ᮝᮨᮊ᮪ᮒᮥ ᮜᮔ᮪ ᮯᮛᮒ᮪ ᮒᮁᮒᮙ᮪ᮒᮥ, ᮓᮦᮔᮦ ᮅᮙᮢᮧᮂ ᮘᮤᮞ ᮓᮤᮜᮊᮧᮔᮤ ᮊᮕᮔ᮪ ᮘᮆ ᮜᮔ᮪ ᮒᮒ ᮎᮛᮔᮦ ᮜᮥᮝᮤᮂ ᮞᮨᮓᮨᮁᮠᮔ. ᮝᮧᮀ ᮞᮤᮀ ᮝᮤᮞ᮪ ᮠᮏᮤ ᮘᮤᮃᮞᮔᮦ ᮈᮔ᮪ᮒᮥᮊ᮪ ᮕᮍᮥᮁᮙᮒᮔ᮪ ᮜᮥᮝᮤᮂ ᮃᮙᮁᮌ ᮝᮤᮞ᮪ ᮍᮢᮙ᮪ᮕᮥᮀᮔ ᮛᮥᮊᮥᮔ᮪ ᮄᮞᮣᮙ᮪ ᮞᮤᮀ ᮊᮕᮤᮀ ᮜᮤᮙ. ᮔᮍᮤᮀ ᮚᮦᮔ᮪ ᮙᮥᮀ ᮅᮙᮢᮧᮂ, ᮅᮙᮥᮙᮨ ᮇᮛ ᮃᮔ ᮕᮑᮨᮙᮒᮔ᮪ ᮌᮨᮜᮁ ᮠᮏᮤ ᮃᮔ ᮍᮛᮨᮕ᮪ ᮏᮨᮔᮨᮀ.
ᮞᮤᮀ ᮓᮓᮤ ᮕᮤᮒᮊᮧᮔᮔ᮪, ᮔᮕ ᮕᮊ᮪ ᮛᮧᮙ᮪ᮓᮧᮔ᮪ ᮒᮨᮒᮨᮕ᮪ ᮔ᮪ᮏᮜᮥᮊ᮪ ᮓᮤᮞᮨᮘᮥᮒ᮪ ᮕᮊ᮪ ᮠᮏᮤ? ᮃᮕ ᮃᮙᮁᮌ ᮕᮦᮍᮤᮔ᮪ ᮓᮤᮅᮁᮙᮒᮤ ᮜᮥᮝᮤᮂ? ᮃᮕ ᮃᮙᮁᮌ ᮌᮨᮜᮁ ᮊᮥᮝᮦ ᮓᮤᮛᮞ ᮘᮤᮞ ᮔᮙ᮪ᮘᮂ ᮝᮤᮘᮝ ᮜᮔ᮪ ᮕᮨᮍᮛᮥᮂ? ᮅᮒᮝ ᮙᮥᮀ ᮃᮙᮁᮌ ᮞᮨᮔᮨᮀ ᮊᮢᮥᮍᮥ ᮞ᮪ᮝᮛ ᮕᮀᮌᮤᮜᮔ᮪ ᮞᮤᮀ ᮊᮒᮧᮔ᮪ ᮜᮥᮝᮤᮂ ᮒᮨᮁᮠᮧᮁᮙᮒ᮪? ᮕᮤᮒᮊᮧᮔ᮪-ᮕᮤᮒᮊᮧᮔ᮪ ᮊᮤᮚᮦ ᮙᮥᮔ᮪ᮎᮥᮜ᮪ ᮃᮔ ᮕᮤᮊᮤᮛᮔ᮪ ᮝᮧᮀ-ᮝᮧᮀ ᮞᮤᮀ ᮑᮝᮀ ᮒᮤᮔ᮪ᮓᮊ᮪-ᮒᮔ᮪ᮓᮥᮊᮦ ᮞᮘᮨᮔ᮪ ᮓᮤᮔ.
ᮔᮀ ᮕᮥᮀᮊᮞᮔ᮪, ᮌᮨᮜᮁ ᮞᮨᮏᮒᮤᮔᮦ ᮓᮥᮓᮥ ᮙᮥᮀ ᮕᮨᮁᮊᮛ ᮞᮨᮘᮥᮒᮔ᮪, ᮔᮍᮤᮀ ᮅᮌ ᮒᮀᮌᮥᮀ ᮏᮝᮘ᮪ ᮙᮧᮛᮜ᮪ ᮜᮔ᮪ ᮞ᮪ᮕᮤᮛᮤᮒᮥᮃᮜ᮪. ᮝᮧᮀ ᮞᮤᮀ ᮕᮔ᮪ᮎᮦᮔ᮪ ᮝᮤᮞ᮪ ᮍᮣᮊᮧᮔᮤ ᮠᮏᮤ ᮘᮤᮃᮞᮔᮦ ᮔ᮪ᮏᮌ ᮞᮤᮊᮕ᮪ ᮜᮔ᮪ ᮒᮤᮔ᮪ᮓᮊ᮪-ᮒᮔ᮪ᮓᮥᮊ᮪ ᮞᮥᮕᮚ ᮞᮨᮜᮛᮞ᮪ ᮊᮛᮧ ᮌᮨᮜᮛᮦ. ᮚᮦᮔ᮪ ᮙᮥᮀ ᮍᮧᮚᮊ᮪ ᮕᮀᮌᮤᮜᮔ᮪ ᮒᮔ᮪ᮕ ᮓᮞᮁ ᮞᮤᮀ ᮒᮢᮨᮕ᮪, ᮘᮤᮞ-ᮘᮤᮞ ᮙᮜᮂ ᮔᮥᮝᮥᮂᮔ ᮌᮥᮔᮨᮙᮔ᮪ ᮜᮔ᮪ ᮕᮢᮞᮀᮊ ᮞᮨᮊᮀ ᮝᮧᮀ ᮜᮤᮚ. ᮙᮥᮜ ᮞᮨᮊᮀ ᮊᮨᮓᮓᮦᮚᮔ᮪ ᮊᮤᮚᮦ, ᮊᮤᮒ ᮘᮤᮞ ᮞᮤᮔᮅ ᮙᮨᮔᮝ ᮕᮊᮥᮁᮙᮒᮔ᮪ ᮞᮨᮏᮒᮤ ᮇᮛ ᮙᮥᮀ ᮞᮨᮊᮀ ᮏᮨᮔᮨᮀ, ᮔᮍᮤᮀ ᮞᮨᮊᮀ ᮒᮥᮙᮤᮔ᮪ᮓᮊ᮪ ᮜᮔ᮪ ᮃᮒᮤ ᮞᮤᮀ ᮒᮥᮜᮥᮞ᮪.
Ana sawijining kedadeyan sing nggawe inyong gumun lan mikir dawa. Critane babagan wong lanang sing aran Romdhon. Dheweke seneng banget yen saben wong nyebut jenenge nganggo tambahan “Haji” ana ngarepé. Padahal miturut crita sing sumebar, dheweke mung tau lunga umroh bae, dudu nglakoni ibadah haji sing sak mesthine. Nanging siki, saben ketemu tangga utawa kanca kerja, kaya ana pangarepan menawa wong-wong kudu nyebut “Pak Haji Romdhon”.
Saben dina, yen lagi ana nang kantor utawa lingkungan omah, asring krungu dheweke ngomong, “Bilang aja disuruh Pak Haji Romdhon.” Ukara kuwe kaya wis dadi pakulinan. Wong-wong sing krungu kadhang mung nyawang siji lan sijine, ana sing manut bae, ana uga sing sajroning ati ngrasa aneh. Nanging amarga wis kebiasaan, pungkasane akeh sing melu nyebut kaya kuwe tanpa mikir maning.
Ora mung kuwe, yen ana telpon mlebu, dheweke kerep sengaja nguripna loudspeaker. Sekang ujung kana krungu swara wong matur, “Assalamualaikum Pak Haji.” Swara kuwe sengaja dirungokna marang wong sakcedhake, kaya pengin nuduhna menawa dheweke pancen diakoni dadi haji. Kahanan kiye nggawe sawetara wong tambah gumun, apa pancen perlu pamer gelar nganti kaya kuwe?
Nang Indonesia, gelar Haji kanggo lanang lan Hajjah kanggo wadon pancen wis dadi tradisi. Biasane ditulis ana ngarep jeneng dadi H. utawa Hj. Gelar kuwe diwenehna marang wong Muslim sing wis nglakoni ibadah haji maring Tanah Suci. Wiwit sekang jaman kolonial Walanda, kira-kira taun 1916, gelar kiye tau dienggo kanggo nandhani lan ngawasi tokoh-tokoh sing duwe pengaruh ana masyarakat. Nanging suwe-suwe, gelar kuwe dadi tandha pangurmatan sosial lan spiritual.
Amarga kuwi, masyarakat umum wis paham bedane haji lan umroh. Haji nduweni wektu lan syarat tartamtu, dene umroh bisa dilakoni kapan bae lan tata carane luwih sederhana. Wong sing wis haji biasane entuk pangurmatan luwih amarga wis ngrampungna rukun Islam sing kaping lima. Nanging yen mung umroh, umume ora ana panyematan gelar haji ana ngarep jeneng.
Sing dadi pitakonan, napa Pak Romdhon tetep njaluk disebut Pak Haji? Apa amarga pengin diurmati luwih? Apa amarga gelar kuwe dirasa bisa nambah wibawa lan pengaruh? Utawa mung amarga seneng krungu swara panggilan sing katon luwih terhormat? Pitakon-pitakon kiye muncul ana pikiran wong-wong sing nyawang tindak-tanduke saben dina.
Nang pungkasan, gelar sejatiné dudu mung perkara sebutan, nanging uga tanggung jawab moral lan spiritual. Wong sing pancen wis nglakoni haji biasane njaga sikap lan tindak-tanduk supaya selaras karo gelare. Yen mung ngoyak panggilan tanpa dhasar sing trep, bisa-bisa malah nuwuhna guneman lan prasangka sekang wong liya. Mula sekang kedadeyan kiye, kita bisa sinau menawa pakurmatan sejati ora mung sekang jeneng, nanging sekang tumindak lan ati sing tulus.